"Ojo dhemen siro ngepenakake rogo, urip kang adus bondho donyo ajibar-ajibur amburuwah lamun siro kabanjut ing tembe, badaniro mung bosok dadi lemah, sakolo suksma niro dadi sengsoro lir kinjeng mabur kang tanpo soco, ananging yen siro nindakake laku kang utomo embuh dadine ing tembe mburi".
Mulo siro nulad-o marang poro ulomo kang luhur bebuden-e kang tansah manekung ing Gusti kang murbeing dumadi, amung anut roso kang sawiji, kepingin anuju marang pangastuti. Pancen kanggo nggayuh urip kasunyatan iku manungso kudu mbudi doyo, nyambut gawe manut bakat lan kemampuane lan ndedongo kanthi ati kang madhep lan mantep.

Tidak ada komentar:
Posting Komentar